syiir tanpo waton

Astaghfirullah robbal baroya Astaghfirullah minal khotoya Robbi zidni ilmannaafii'a.... Wawaffiqni amalan soliha...
Yarrosulallah salammun'alaik... Yaarof i'asyaa niwaddaaroji.... 'atfatayaji rotal 'alami... Ya uhailaljuu diwaalkaromi... 2 X
Ngawiti ingsun nglaras syiliran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rahmat lan kenikmatan Rino wengini tanpo pitungan 2 x
Duh bolo konco Priyo wanito Ojo mung ngaji syari at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro 2x
Akeh kang apal qur'an haditse Seneng nyalahke marang liyane Salahe dewe gak di gateke Yen isih kotor ati akale 2x
Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri suksese konco Mulo atini peteng lan nisto 2x
Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine 2x
Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ngelmune Laku thorikot lan ma'rifate Ugo hakekot manjing rasane 2x
Al qur'an qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing njero dodo 2x
Kumantil ati lan pikiran mrasuk ing badan kabeh jeroan Mukjizat rasul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman 2x
Kelawan Allah kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati di riyadhoi Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x
Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas-pasan Kabeh tinakdir saking pengeran 2x
Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo daksiyo Iku sunahe rasul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito 2x
Ayo lakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto dzohire Ananging mulyo makom drajate 2x
Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah suargo manggone Utuh mayite ugo ulese 2x
Yaa Rosulallah salammun'alaik... Yaa rof i'asyaa niwaddaaroji... 'atfatayaji rotal 'alami.... Ya uhailaljuu diwaalkaromi... 2 X

Posting Komentar

Post a Comment (0)

Lebih baru Lebih lama